* Ibarat thethukulan … crobon
Sak umpomo suket, alang-alang utowo ganggang
Wis mesthi gawe rugi,
Wis mesthi ora disenengi,
Malah dadi kembang lambe.
* Tanpo guno ………
Urip subur, dasar isih timur,
Gathok mengok waton “gaul”,
Mendem arak keporo ajak-ajak,
Sempoyongan koyo thuyul kalungan gendul.
* Tanpo guno ……..
Ngrusak awak, nyikso nyowo,
Sopo weruh wis mesthi tambah,
Kuwi anak’e sopo …..
Agung anom nyidam neroko.
*Milaur sing piguno ……
Ganggang dadio jati, yen ora gelem tak sepatani.
Urip pisan ono gunan’e, pumpung durung bali marang asal’e
Jejering mudho kembanging bongso
Laku utomo mesthi piguno …….
*Milaur sing piguno …….
Katimbang dadi erat, ……..
Katimbang dadi cacating masyarakat !!!
Becik dadi tulodho mbangun deso,
Sinuyudan ing konco,”adeging mudho piguno”.
(Kaanggit dening Sumediyanto)
Rabu, 08 Februari 2012
Copyright 2009 SANG GURU DARI LERENG LAWU. Powered by Blogger
Blogger Templates created by Deluxe Templates
Wordpress by Nattywp
Tidak ada komentar:
Posting Komentar